Urip iku sakwetara
Dadi wong kudu waspada
Sebab syetan seneng goda
Wong kang lali ing Pencipta
Ngamal apik akehana
Ojo nganti siro gela
Sebab pangkat banda donya
Ora bisa nebus siksa
Iki mongso meh kiamat
Akeh wong podho maksiat
Ora sugeh ora melarat
Podho lali ing akhirat
Iki zaman nekak gulu
Ora cetho kok diluru
Yen dipikir malah ngelu
Luwih apik ojo melu
Iki pancen zaman akhir
Akeh manungso lali pinggir
Opo podho ora mikir
Bakal ngadep Munkar Nakir
Mugi ALLAH nylametake
Kito saking fitnah-fitnahe
Mugi kerso dadosake
Kito ahli Suwargane
Rabu, 01 Juli 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar